У нас вы можете посмотреть бесплатно dyah dewi elsa elfina michelle XIIMP2 или скачать в максимальном доступном качестве, видео которое было загружено на ютуб. Для загрузки выберите вариант из формы ниже:
Если кнопки скачивания не
загрузились
НАЖМИТЕ ЗДЕСЬ или обновите страницу
Если возникают проблемы со скачиванием видео, пожалуйста напишите в поддержку по адресу внизу
страницы.
Спасибо за использование сервиса ClipSaver.ru
Impen Ing tembene Ing sawijining sore sing ayem, ana papat kanca akrab padha nglumpuk ana ing taman cedhak sekolahé. Sawisé ngliwati dina-dina dawa nyedhaki kelulusan, wong papat kuwi banjur wiwit mikir babagan masa depané dhewe-dhewe. Kanthi semangat lan pangarep-arep, padha rembugan bab rencana urip sawisé lulus mengko. Swasana krasa anget nanging serius. Wong papat mau padha lungguh melingkar lan padha nuduhake pamikirané bab kerja lan impèn masa depan. Dina miwiti rembugan, “Nek mengko kowe diadhepake karo rong pilihan, kerja ana perusahaan gedhé nanging gajiné cilik, utawa kerja ana perusahaan cilik nanging gajiné gedhé. Kowe milih sing endi?” Linda mesem banjur njawab, “Yaa nek aku milih kerja ana perusahaan cilik nanging gajiné gedhé.” Nurma langsung nggeleng. “Aku ora setuju! Luwih becik kerja ana perusahaan gedhé senajan gajiné cilik. Nek kerja ana perusahaan gedhé, masa depan luwih terjamin.” Dina banjur noleh marang Ami. “Yen kowe piyé, Am?” Ami mikir sedhéla banjur kandha, “Yen aku sing penting potensi mbésuk apik. Ora popo gajiné saiki cilik, nanging nek mengko bisa njanjeni kanggo masa depanku.” “Nèk ngono artiné kowe milih kerja ana perusahaan gedhé tinimbang perusahaan cilik, ya?” pitakone Dina karo nuding Ami. “Iya, bener,” wangsulé Ami manteb. Nurma banjur takon, “Yen kowe dhéwé, Din?” Dina ngendheg ambegan karo nengadahaké tangan. “Ya pilihanku meh padha karo Ami. Sing penting kelanjutané ing masa depan. Nek gajiné gedhé nanging ora ana jenjang karieré, kanggo apa?” “Iya bener uga omonganmu,” ujare Nurma karo ngangguk. “Sing paling penting kuwi jenjang karier mbésuk.” Linda banjur melu ngomong, “Iya, kayane pilihan sing paling pas kuwi mikir dampak jangka panjangé. Gaji gedhé nanging mung sakwisé ora ana gunané. Maneh meneh perusahaan cilik uga luwih rawan bangkrut, ta?” Ami mesem lan kandha, “Oke, saiki awake dhewe wis ngerti efek milih kerja kanggo masa depan. Dadi mengko nek ndhaptar kerja sawisé lulus, kudu dipikir dhisik untung ruginé.” Nurma lan Dina bareng-bareng mangsuli, “Siiippp!” Narator: Rembugan sore kuwi mbukak pikirané wong papat mau bab pentinge ngrancang masa depan kanthi mateng. Wong papat kuwi ngerti yèn saben pilihan mesthi nduwèni risiko lan kauntungané dhéwé-dhéwé. Kanthi semangat anyar, papat sahabat mau banjur tekad nguber impèné kanthi yakin lan tanggung jawab.