У нас вы можете посмотреть бесплатно 20 Tebak-Tebakan Tembang Pocung | Bapak Pucung или скачать в максимальном доступном качестве, видео которое было загружено на ютуб. Для загрузки выберите вариант из формы ниже:
Если кнопки скачивания не
загрузились
НАЖМИТЕ ЗДЕСЬ или обновите страницу
Если возникают проблемы со скачиванием видео, пожалуйста напишите в поддержку по адресу внизу
страницы.
Спасибо за использование сервиса ClipSaver.ru
PUPUH TEMBANG MACAPAT “BAPAK PUCUNG” LAN BATANGANE Cangkriman Tembang Macapat #macapat #batangan #tembangmacapat #pucung #tembangpucung #bapakpucung Bapak pucung buntut dawa sirah gembung Mbanterake swara Lamunu rip nganggo listrik Munggah panggung saben ana adicara Bapak pucung mlungker mlungker dudu kalung Manggonmu neng tangan Jarum mlaku rino wengi Ngembrug wektu si pucung kagunan guna Bapak Pucung dudu watu dudu gunung Sabane ing sebrang Titihane sri Bupati Yen lumaku si pucung lembehan grana Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung Ngambah jumantara Kayu manuk rajawali Wira-wiri nggawa barang lan manungsa Bapak pocung tanpa untu darbe siyung. Badanira panjang. Tutukira pan pesagi. Dina- dina pocung nedha buntutira. Bapak pocung isih enom klambi gadhung. Yen wes rada tuwa. Si pocung klambine kuning. Tuwa pisan si pocung klambine abang. Bapak pucung rodha papat bisa mbengung Wujud kothak dawa Nguntal barang sakabehing Yen wes nggereng banjur lunga tanpa kandha Bapak pucung sasedulur ana pitu Tan ana kang padha Mati enem urip siji Dulur pitu tan nate urip barengan Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung Dawa kaya ula Pencokanmu wesi miring Sing disaba si pucung mung turut kutha Bapak pucung bunder-bunder saka pohung Isi gula jawa Dipangan sajak mirasa Mung ing jawa panganan iki lang ana Bapak pucung utrane bapa lan biyung Nanging dudu kakang Dudu mbakyu dudu adhi Lan batangen bapak pucung iku sapa Bapak pucung rupane amemba gunung Tan ana kang tresna Kabeh uwong mesthi sengit Kang kanggonen den lus-elus tinangisan Bapak pucung amung sirah lawan gembung Pada dikunjara Mati sajroning ngaurip Mijil baka si pucing dadi dahana Bapak pucung Cangkemu madhep mandhuwur Sabamu ing sendhang Pencokanmu lambung kering Prapteng wisma si pucung mutah guwaya Bapak pucung anane ing tanah kudus Pinter nyimpen toya Mangka tumpakani jalmi Mbrenjul suku panjang gulu dawa Bapak pucung maca nulis klawan ngetung Digegem diasta Kanggo matur klawan nguping Saben-saben si pucung dhahare arta Bapak pucung endi elor endi kidul Laku tapa brata Mung kepengin bisa malih Dadi kupu si kupu wedharing tapa Bapak pucung laire tinitah bisu Lamun rinaketan Pinarsudi den temeni Mung sarana pinandeng wruh basanira Namung tutuk lan netra kalih kadulu Yen pinet kang karya Sinuduk netrane kalih; Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah Bapak pucung Gedhe dhuwur sikil bumbung Siyunge kang dawa Kuping amba mripat cilik Yen lumaku si pucung lembehan grana Bonus: Bapak pucung ana sura ana bajul Nyata dadi kutha Ibu kotane provinsi Papan iki sinebut kutha pahlawan Bapak pucung panggone ing wetan Panggul Sakulone Kampak Munjungan ngalor sethithik Saka Trenggalek ngidul ngliwati alas #jawabaya #sinau #nembang