У нас вы можете посмотреть бесплатно SAWABE KAWRUH KANG PAS или скачать в максимальном доступном качестве, видео которое было загружено на ютуб. Для загрузки выберите вариант из формы ниже:
Если кнопки скачивания не
загрузились
НАЖМИТЕ ЗДЕСЬ или обновите страницу
Если возникают проблемы со скачиванием видео, пожалуйста напишите в поддержку по адресу внизу
страницы.
Спасибо за использование сервиса ClipSaver.ru
Senen Kliwon 13 Mei 2024 BENINGE EMBUN ESUK Wacan Kitab Suci Padinan Pangentasan 28:29-38 Jabur 115 Filipi 1:3-11 “Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhaka ing pangawruh kang bener lan ing sarupaning pangreten, satemah kowe padha bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus, padha kapenuhan wohing kabeneran pakaryane Gusti Yesus Kristus minangka kamulyan lan pangalembananing Allah..” Filipi 3:9-11 Menunga kuwi titahe Gusti Allah kang nduweni nalar , lan babagan iki kang mbedakake karo titah-titah liyane. Lumantar nalar kuwi menungsa nduweni KAWRUH utawa pangerten, lan lumantar kuwi isa milih apa wae ing sakjroning uripe. Menungsa kuwi isa milih masa depanne, isa milih nasipe, kuwi merga nduweni nalar kang ndadekake anane KAWRUH. Dene kang sinebut KAWRUH yakuwi sadengah pangerten kang tinampa ing pikirane menungsa kanggo dasar anggone milih sabarang kang ana ing uripe. Sing jenenge KAWRUH kuwi ana sing PAS la nana sing durung PAS. Sing PAS mesti bakalan nuntun marang kahanan kang apik tur becik, dene sing durung PAS bakalan luwih suwe tumekane kahanan kang apik lan becik. Manut pangertenku ing njagad iki ora ana sing salah utawa sing bener, kabeh kuwi sejatine lelaku kang ngener marang poncoting lelakune urip. Awit saka KAWRUH kang kaya mengkene iki, mulane ora bakalan ana kang ngukum lan diukum, amarga tumindak ngukum lan diukum kuwi mung njedul saka SAWAB KAWRUH KANG ORA PAS. Merga KAWRUH sing ora pas, mulane ana menungsa sing rumangsa nduweni pangwasa ngungkuli Gusti Kang Mahakwasa, lan uga rumangsa nduweni hak nemtokake sing salah lan sing bener. Sing salah diukum, sing bener ya dijarke wae..sok-sok dialem.. KAWRUH SING PAS kuwi nuntun lakune urip menyang kahanan kang kebak ing kabecikan. Merga ora rumanga dadi jeksa, mula ora bakalan tepung karo sing salah lan sing bener, tepunge karo SING PAS lan SING DURUNG PAS. Sing wus PAS cikben mbacutake lakune urip, sing durungpas ya cikben ndandani kahanane, cikben tumeka ing kahanan kang pas. Rasul Paulus ngrasa perlu ndedonga cikben para sedulur kang manggon ana neng kutha Filipi sansaya mundak ing KAWRUH kang Bener dalah sarupane pangerten, kabeh kuwi kinangka srana kanggo isa milah lan milih endi kang PAS lan ora PAS, yen basane rasul Paulus becik. SAWAB KWRUH KANG PAS, kuwi sejatine minangka pepesten, amarga mokal tumrape menungsa bakalan isa ngerti lan milih kang becik nalika ora nduweni KAWRUH KANG PAS, amarga urip kuwi dudu tebak-tebakan, ananging lelakon kang tansah tinuntun dening Rohing Kayekten utawa kabeneran. Sepisan meneh, mokal ana sing isa milih kang becik tanpa KAWRUH KANG PAS,mula payo sengkut sinau panguripan cikben isa ngerti sabarang kang becik. Salam Rahayu Kyai Toe Pong Jie