У нас вы можете посмотреть бесплатно CONTOH PAMBAGYAHARJA BAHASA JAWA - FULL TEKS // Ki Dhalang Wahyu Dunung Raharjo, S.Sn или скачать в максимальном доступном качестве, видео которое было загружено на ютуб. Для загрузки выберите вариант из формы ниже:
Если кнопки скачивания не
загрузились
НАЖМИТЕ ЗДЕСЬ или обновите страницу
Если возникают проблемы со скачиванием видео, пожалуйста напишите в поддержку по адресу внизу
страницы.
Спасибо за использование сервиса ClipSaver.ru
Belajar Sambutan / Pambagyaharja / Pambagya Yuwana - bahasa Jawa bersama Ki Wahyu Dunung Raharjo, S.Sn Follow IG : @wahyu5636sahabat_wayang Tiktok : Ki Dunung Raharjo . klik CC kanan bawah untuk mengaktifkan subtitle Bahasa Indonesia . ======================================================================= CONTOH TEKS PAMBAGYAHARJA Nuwun. Kasantosan tuwin kawilujengan tansaha kasalira panjenengan sedaya. Sagung para pepundhen ingkang kinabekten, para sesepuh ingkang lebda ing kawruh, sumrambahipun para tamu putri sumawana kakung ingkang winantu ing pakurmatan. Kawilujengan, katentreman, saha kabagyan mugi tansah rumentah ing kita sedaya. Nuwun inggih awit sih Kawelasaning Gusti ingkang Murbeng jagad. Sagung para tamu ingkang pantes sinudarsana, amurwani atur, minangka talang aturipun adhimas Pratomo Susilo, SH sekaliyan ibu, pinarengna kula ambuka kanthi munjukaken puji sokur, saha anglingga murda Asmanipun Dzat ingkang Maha Welas saha Maha Asih, jinurung pangesthi mugi rahayu sagung dumadi. Nuwun para tamu putri sumawana kakung ingkang winantu ing pakurmatan, menggah aturipun adhimas Pratomo Susilo, SH sekaliyan ibu, ingkang sepisan ngambali manembrama saha ngaturaken sugeng rawuh panjenengan sedaya. Saha boten katalumpen ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh, nuhoni menapa ingkang dados panyuwunipun adhimas Pratomo Susilo, SH nadyanta namung lumantar kitir sedhahan ingkang katur dhumateng panjenengan sedaya. Kados ingkang sampun kawuningani sedaya, bilih ing ri kalenggahan menika, adhimas Pratomo Susilo, SH hanetepi darmaning asepuh, amiwaha putra amahargya siwi, ngentas pitulus kenya, nenggih putrinipun ingkang sesilih anak ayu Galuh Larasati, S.Pd, ingkang jinatukrama dening anakmas Heru Dharma Putra, S.kom putra kakungipun Ibu Bapa Drs. Agus Prihandoyo, ingkang pidalem ing Dhusun Krandhon, Desa Sidomoyo, Kecamatan Godean, Kabupaten Sleman. Dene adicara ijab qobul sampun kelampahan kanthi widada nir ing sambikala wonten ing papan menika, Jonggo, Karangasem, Cawas, Kabupaten Klaten Ingkang menika milanipun adhimas Pratomo Susilo, SH ngrawuhaken sanggya para pepundhen, para sesepuh, dalah para kadang sedaya, saperlu nyuwun sih kanugrahan panjenengan sedaya. Mugi wonten mulunging penggalih para pepundhen, para pinisepuh, dalah para rawuh sedaya, kepareng paring donga pangestu dhumateng putra pinanganten sarimbit. Mugi lantaran donga pangestu panjenengan sadaya, Gusti ingkang Maha Agung tansah amayungi kawilujengan, katentreman saha kabagyan, tuwin tansah anyingepi rahayu wilujeng saha angluberi rejeki ingkang berkah, sahengga putra temanten kekalih anggenipun nggebyur samudraning bebrayan saged lulus raharja, niring sambekala, manggih bagya mulya salami-laminipun ngantos dumugi kaken-kaken ninen-ninen. Para rawuh putri sumawana kakung ingkang kinurmatan. Boten katalumpen adhimas Pratomo Susilo, SH sekaliyan ibu, ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, dhumateng para sanak kadang, tangga tepalih, mitra sutresna, minggahipun para tamu ingkang sampun paring pambyantu ingkang arupi menapa kemawon. Sedaya kala wau karaos ageng sanget mupangatipun, tumrap adhi kula Pratomo Susilo, SH anggenipun amangun damel ing ri kalenggahan menika. Ing pangraos piyambakipun boten saged atur piwales menapa-menapa, kanthi andhaping manah, muhung kaunjukaken wangsul wonten panguwaosipun Gusti ingkang Maha Welas saha Maha Asih. Mugi dados amal kesaenan panjenengan, mangkenipun pikantuk lintu kabagyan kamulyan ingkang matikel-tikel. Adhimas Pratomo Susilo, SH nglenggana, bilih anggenipun ngawontenaken pahargyan climen ing kalenggahan menika, kathah kirang saha kalepatanipun, ingkang menika sadaya kekirangan ingkang arupi menapa kemawon tansah nyuwun lubering samudra pangaksami. Saestu andadosaken suka bingahing manah, menawi para tamu putri sumawana kakung tasih kepareng nglajengaken anggenipun lelenggahan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan prasaja ing ri kalenggahan menika. Bokmenawi namung mekaten atur kula, Mbokbilih wonten galap gangsuling atur, saha kiranging tata krami, kula tansah nyuwun lubering samodra pangaksami. ====================================================================== . . tags: pambagyaharja pambagyaharja artinya pambagyaharja tegese pambagyaharja temanten pambagyaharja tegese yaiku pambagyaharja bahasa jawa pambagyaharja manten singkat pambagyaharja lamaran pambagyaharja mantenan pambagyaharja adalah atur pambagyaharja atur pambagyaharja temanten atur pambagyaharja halal bihalal atur pambagyaharja temanten singkat atur pambagyaharja rapat rt ancas pambagyaharja yaiku teks pambagyaharja bahasa jawa pidato pambagyaharja bahasa jawa contoh pambagyaharja bahasa jawa atur pambagyaharja bahasa indonesia contoh teks pambagyaharja bahasa jawa atur pambagyaharja bahasa jawa pambagyaharja contoh