У нас вы можете посмотреть бесплатно Metri Krwt Laras Ati Karangwerda Beru Blitar 15 Peb 2025 Ktw Barikan Mars Laras Ati Ktw Ilir-ilir или скачать в максимальном доступном качестве, видео которое было загружено на ютуб. Для загрузки выберите вариант из формы ниже:
Если кнопки скачивания не
загрузились
НАЖМИТЕ ЗДЕСЬ или обновите страницу
Если возникают проблемы со скачиванием видео, пожалуйста напишите в поддержку по адресу внизу
страницы.
Спасибо за использование сервиса ClipSaver.ru
Ngrabuk Jiwa Memanjang Yuswa saking Karawitan Laras Ati Karangwerda Kel. Beru Wlingi Blitar saperlu metri wiosan Ibu Dewi Faishol dan HUT Karawitan Laras Ati kaping 3 kagelar tgl 15 Peb 2026. Assalamu'alaikum Wr. WB. Bismillah alhamdulillah wa Syukurillah wa nikmatillah la haula wala quwata illa billah... Robbissohri sodri wayasirli amri wahlulmuludatam milisani yafhaul khouli..amma bakdu. Alhamdulillah... Amit-amit pasang aliman tabik, Sinabeto Ing Iladuni, dhumawaha ing tawang towang, mugi tinebihno saking tulak sarik Tinebihno saking siku dendaning SangYang Maha Kawasa… Nuwun-nuwun kulo nuwun… Kanthi nyebut ing asmaning Gusti, Gusti Allah ingkang maha Mirah, Maha Asih sejatine Nuwun kaparengo kawula angaturaken pambagyo panakrama raharjo nir ing sambikala Tuhu linepatna ing deduka tinebihno saking salwireng sesendu miyang panyendu… Para sesepuh, pinisepuh aji sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagunging sekar pakurmatan saha para pilenggah sedaya… Ingkang kulo hormati Bapak Lurah Beru sekalian garwa, Bapak Ketua FMK Kelurahan Beru ingkang bagyo mulyo, Bapak Ibu undangan ingkang sami rawuh, Saha sedoyo para lenggah ingkang dipun rahmati Allah SWT. Ingkang sepindah… Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi katah kenikmatan dumateng kito sedaya, sahingga kita saget ngrawuhi acara Uyon-uyon Ngrabuk Jiwa Memanjang Yuswa saking Karawitan Laras Ati Karangwerda wonten Pendapa Kelurahan Beru menika kanti keadaan sehat wal afiat mboten wonten alangan setunggal punopo. Kaping kalihipun , Pramila panjenengan sami katuran rawuh ing dinten puniko kasuwun donga pangestu wilujeng anggenipun para kadang Karawitan Laras Ati gadah hajad wilujengan metri wiosan Ibu Dewi Faishol lan tanggap warsa Karawitan Laras Ati ingkang kaping 3 kanthi pangajab mugi tansah dipun paringi kawilujengan, katentreman, kabagaskwarasan, rejeki ingkang barokah, manggasa gegetoan. Tumuju dumateng Pagesangan ingkang hayom hayem jenjem premanem nir baya nir ing wikara bagyo lestari lan mulya salawase. Mugi Karawitan Laras Ati anggenipun mbabar budaya tansah ngrembaka kaloka sak Nuswantara Ujub donga kangge mahargyo dinten wiosan Ibu Dewi Faishol saha tanggap warsa Karawitan Laras Ati bade dipun ikrar-aken dening Bopo Roedy Harjono, dipun sumanggaken :…….