У нас вы можете посмотреть бесплатно Amalan Pembuka Surga (Ust. K.H. Ihsan Saifudin, Lc_Subuh Berkah, 9 Januari 2026) или скачать в максимальном доступном качестве, видео которое было загружено на ютуб. Для загрузки выберите вариант из формы ниже:
Если кнопки скачивания не
загрузились
НАЖМИТЕ ЗДЕСЬ или обновите страницу
Если возникают проблемы со скачиванием видео, пожалуйста напишите в поддержку по адресу внизу
страницы.
Спасибо за использование сервиса ClipSaver.ru
Kajian Shubuh Barakah Masjid Al-Mukmin Sepat Agung Mertan Bendosari ( Jum'at | 09 | 01 | 2026 ). Amalan pambuka suwarga Amalan-amalan ingkang dodos sarana mbukak Suwarga cacahipun kathah sanget. Wonten ing pasinaon punika, badhe kaandharaken setunggal mbaka sawiji insya Alloh. Krana suwarga punika perkawis agami, pramila nyuraosi babagan agami kedah adhedhasar Al Qur'an lan As-Sunnah, miturut pemanggihipun ulama salafush shalih. Kaendahan suwarga Suwarga punika papan ingkang endah edi peni, ingkang badhe kaparingaken dhumateng umatipun kanjeng nabi ingkang tansah mbangun miturut pitedahipun kanjeng nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam. Pangertosan suwarga kados kasebat ing nginggil, linambaran hadits nabi shallallahu alaihi wasallam: كُلُّ أُمَّتِي يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ إِلاَّ مَنْ أَبَى. قَالُوا: يَا رَسُولَ اللَّهِ، وَمَنْ يَأْبَى؟ قَالَ: مَنْ أَطَاعَنِي دَخَلَ الْجَنَّةَ، وَمَنْ عَصَانِي فَقَدْ أَبَى. "Sakabehe umatku bakal mlebu suwarga kajaba sing ora gelem" Sahabat nyuwun priksa "Sinten tiyangipun ingkang mboten purun mlebet suwarga?" Nabi paring jawaban, "Sapa mbangun miturut marang aku bakal mlebu suwarga, sapa mbalela marang aku ateges ora gelem mlebu suwarga" (Al-Bukhari) Wonten ingkang negesi bilih tembung "Suwarga" (Svarga Basa Sanskerta) tegesipun papan palereman ingkang endah edi peni tur langgeng. Tembung "Suwarga" ingkang kasebat ing nginggil, wonten ing bab pasinaon punika ingkang kamaksud nun inggih "Al-Jannah" makaten panyuraos saklajengipun. Sewetawis tiyang Jawi, wonten ingkang negesi "Suwarga" (Sruwa Sruwi Sarwa Lega) Ingkang nggadhahi teges, kawontenan punapa kemawon tansah nuwuhaken raos lega legawa Supados langkung nuwuhaken raos remen lan kepengin mlebet Suwarga, ing ndandhap punika kaemot pangandikan nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam gegayutan kaendahan taman Suwarga, Kanjeng nabi paring sabda: لَوْ أَنَّ امْرَأَةً مِنْ أَهْلِ الْجَنَّةِ اطَّلَعَتْ إِلَى أَهْلِ الْأَرْضِ لَأَضَاءَتْ مَا بَيْنَهُمَا وَلَنَصِيفُهَا عَلَى رَأْسِهَا خَيْرٌ مِنْ الدُّنْيَا وَمَا فِيهَا “Saumpama widodari Suwarga iku ngatonake rupane neng ndonya, mula ndonya lan langit sakisine bakal katon padhang jingglang. Saktemene, jilbabe widodari Suwarga iku luwih aji tinimbang ndonya sak-isine " [Hadits Bukhari : 2796] Para pelayan ing suwarga punika jinisipun jaler dan istri. Menawi putri (istri) limrahipun kaswastanan "Bidadari" Istilah punika namung kangge nggampilaken penyebutan. Menawi istilah al qur'an, wonten penyebutan "hurun in" [prawan ting-ting] [Surat Al-Waqi'ah: 22-23] Menawi jaler kaswastanan "wildan mukholadun" (Perjaka) [Al-Waqiah:17] Suwarga iku rahmate Allah Krana Suwarga niki rahmatipun Gusti Allah, pramila tiyang ingkang badhe kalebetaken Suwarga nun inggih tiyang ingkang pinaringan rahmat saking Gusti Allah. Makaten kados ingkang kasebat wonten ing sabdanipun kanjeng nabi. (Riwayat Bukhari : 5673) Sanadyan mlebet Suwarga punika krana rahmatipun Gusti Allah, ananging rahmatipun Gusti Allah saged kagayuh kanthi nindakaken amal kesaenan ingkang ikhlas lan jumbuh kalian petedhahipun kanjeng nabi. Babagan punika miturut kajian akidah kawastanan "Al-ikhlas wal muttaba'ah"_ ..................